gCLxcKKAJmbACaihfr7QajzX6AsZRlzTBM0AxvT0

Bahasa Jawa Geguritan : Tugu Ing Prapatan

Post a Comment
Bahasa Jawa Geguritan : Tugu Ing Prapatan


Tugu Ing Prapatan

Karya Hari Dwinarko,S.Pd.


Mbegegeg ugeg ugeg

Nyekseni wong sing padha liwat

Ana sing nggawa dhuwit mayuta-yuta

Ana sing nggawa Ganja, Morfin, Sabu, Pil Ekstasi

Malah ana sing nggawa wedokan dhemenane

Nanging tugu ing prapatan iku tetep meneng

Mbegegeg ugeg ugeg ora bisa semaur yen ditakoni


Kusir dhokar mung bisa ngobahake tali pekak

Karo nyuwara sepele: “Cek, cek, dek, hus, hus…”

Beda karo yen mung kari ndudul-ndumuk ngadhepi gambar

Milih sing disenengi

Ana sing sak perlune

Ana sing ngambra-ambra nganti tukaran

Kamangka ora ngerti dununge


Ngisor meja ana ulane, ngadhep jajan ora ana wedange

Anak polah bapa kepradah dadi unen-unen tumus

Ing jaman iki wis ora rikuh-rikuh maneh yen butuh

Tugu ing prapatan mung tetep dadi pemut

Sing kawiyak perkarane ana ing tugu kuwi uga ana

Nanging tugu kuwi ya tetep meneng’nadyan ana sing dirungu lantaran gaib


Sumber Referensi : Majalah Panjebar Semangat edisi 36 (3 September 2016) Halaman 40

Related Posts

Post a Comment