gCLxcKKAJmbACaihfr7QajzX6AsZRlzTBM0AxvT0

Bahasa Jawa Geguritan : Becik Ketitik

Post a Comment
Bahasa Jawa Geguritan : Becik Ketitik

Becik Ketitik

Karya H.M. Kosim


Napasmu dak saring

Kesangsang karang

Kapalmu ngguling

Ketlarak kebuncang ombak

Keblasuk jaring

Jirete wong-wong gething


Nalika Negara geger

Pak Yani sakanca gugur keteter

Atiku geter pater

Panjenengan ngungun kendel apa kepuntel?

“ora”

Bapak mangsuli sengak

“titenana lakuning kodrat endi sing bener lan sing kiyanat”



Sumber Referensi : Majalah Panjebar Semangat edisi 36 (3 September 2016) Halaman 40

Related Posts

Post a Comment