gCLxcKKAJmbACaihfr7QajzX6AsZRlzTBM0AxvT0

Bahasa Jawa Geguritan : Ragaku Ragamu

Post a Comment
Bahasa Jawa Geguritan : Ragaku Ragamu


Ragaku Ragamu

Karya Roewandi

Ragaku ragamu den pepates
Cikben endah sinawang mripat sanes
Tata lair nguja hawa ana rasa kibir
Aku ayu aku bagus batine marang pengilon
Ginawe saya nuju prana
 Dhuh nimas aja mingkur saking reh utami
Pepaesing raga memantes dhiri
Ajining raga saka busana
Kathenan niyat krana Allah angreksa aurat

Pepaesing raga kedah sampurna
Ingkang dereng purna pangrakitipun
Aja diagem nuruti pentas
Sinangling dosa ingkang tut wuntat

Ragamu ragaku aja amung gebyaring lair
Pepaesing prada peni-peni
Kathenana busana keimanan
Dohana saking memala donya akherat

Nimas ragaku ragamu bakal dadi seksi
Saat hisab pengadilan agung
Ragaku ragamu bakal ajur
Ing yaumul kiyamah bangkit malih

Ragaku ragamu pepaesing mawa peni-peni
Endah sinawang sari rinasa
Ajining raga saka busana
Kathenan ngreksa aurat niyat ibadah



Sumber Referensi : Majalah Panjebar Semangat edisi 36 (3 September 2016) Halaman 40

Related Posts

Post a Comment