gCLxcKKAJmbACaihfr7QajzX6AsZRlzTBM0AxvT0

Bahasa Jawa geguritan : Kelingan Lan Kelangan

Post a Comment
Bahasa Jawa geguritan : Kelingan Lan Kelangan

Kelingan Lan Kelangan

Karya Pakne Andi


Kagyat ana nawala warna biru dirgantara
Kalumarapna pak pos
Boya sapa kang kirim saka manca nagara
Kumesar rasa jroning dhadha
Pranyata sliramu esih “kelingan”
Yen nilar kanca ing Semarang
Kang nate dadi kadang titimbangan

Pirang warsa wus lelana ing brayan manca Nagara
Datan ana pawarta sapala
Surasaning nawala minta apuranta wus cidra janji
Paseduluran minta katerusna

Uwis, ya uwis dakapuranta kala samana
Nalika sliramu wis tindak lelana
Kanthi ikhlas tulusing nala
Krana wis dadi kersane Kang Maha Kuwasa
Nora susah dipukir dawa-dawa
Tansaha bekti lan leladi garwa putra
Mugi manggiha raharja basuki

Sandyan rinasa aku wis “kelangan”
Gusti bakal paring nugraha
Mring umate kang tansah sabar lan tawakal
Atur syukur, wis kuwawa nampa paringe pancoban

Mung titip piweling lan tansaha “kelingan“
Nyanyian “Rayuan Pulau Kelapa“
Bumi Pertiwi Indonesia wutah getihira
Nganti kapan wae Gusti Paring Yuswa



Sumber Referensi: Majalah Panjebar Semangat edisi 32 ( 10 Agustus 2019 ) Halaman 40.

Related Posts

Post a Comment