gCLxcKKAJmbACaihfr7QajzX6AsZRlzTBM0AxvT0

Bahasa Jawa Geguritan : Apa Isih Pantes Kita Mlebu Suwarga

Post a Comment
Bahasa Jawa Geguritan : Apa Isih Pantes Kita Mlebu Suwarga

Apa Isih Pantes Kita Mlebu Suwarga

Karya Sri Rahayu,S.Pd.


Apa isih pantes kita mlebu suwarga?
Ibadah ora genah senenge malah blarah
Sholat ora niat maksiyat sering kumat
Dzikir ora kepikir atine kebak rasa kikir

          Apa isih pantes kita mlebu suwarga?
         Sholate yen mung lagi kelingan
        Maca Qur’an sisane maca Koran
        Amal sodakoh isine blanjan

Apa isih pantes kita mlebu suwarga?
Isih seneng rasan lan tumbak cucukan
Isih iri drengki maring rejeki liyan
Gelem apus-apus lan cecongkrahan


Sumber Referensi: Majalah Panjebar Semangat edisi 32 ( 10 Agustus 2019 ) Halaman 40.

Related Posts

Post a Comment