Bahasa Jawa Cerkak : Ahad Esuk ing Jabalkat

Bahasa Jawa Cerkak : Ahad Esuk ing Jabalkat

Bahasa Jawa Cerkak : Ahad Esuk ing Jabalkat

Ahad Esuk ing Jabalkat

Dening: Suryadi WS


Saupama akun isih urip kumpul Sarni, bisa uga anakku wis loro utawa telu. Saupama aku isih urip kumpul Sarni, anakku mesthi wis padha sekolah es-dhe lane s-em-pe. Saupama aku iish urip kumpul Sarni, mesthine manganku saben dinane kopen, ora sak anane ngene iki. 

Saupama aku isih urip kumpul Sarni, bisa uga saiki iki aku lagi piknik sak kulawarga nyang Bayat kana, munggah Gunung Jabalkat, padha bareng mangan-mangan sak anak bojo ing cedhak kompleks makame Ki Ageng Pandanarang. Saupama …..

Ah, dipikir-pikir aku ki kok mung kaya urip ing alam pangangen-angen, kabeh-kabeh mung saupama….. saupama….. ora ana wujude.

Dakeling-eling lan dakitung-itung wis ana nem sasi aku urip tanpa wujud nyata  ngene iki. Mung angen-angen lan saupama-saupama thok. Lelakon kok kaya ngene. Iki kabeh ora liya akibat saka patrape bapak maratuwaku sing (nuwun sewu) kurang pendhidhikan, kurang pengalaman, satemah kurang jembar wawasane. Aja kleru tampa, dianggep aku wong isng ora ngajeni maratuwa. 

Ora ngono. Aku ki ngajeni banget karo maratuwaku.  Nanging iki kapeksa ngrasani bapak maratuwaku, awit aku kepengin nyritakake lelakonku. Ngene, 

Limalas taun kepungkur aku dadi guru wiyata bakti ing sekolah dhasar, nikah karo Sarni uga guru wiyata bakti. Wong loro guru kabeh, ning kabeh ora entuk blanja. Jenenge wae guru wiyata bakti, dadi ya mung berbakti marang masyarakat, kanthi pengarep-arep sawijining dina diangkat pamerentah dadi guru pegawe negri entuk blanja saben sasi.


Kanyatane nalika semana, setaun sawise nikah, Sarni katut diangkat pegawe negri sipil, ning aku ora katut. Wong loro rumangsa bungah, saorane siji wis duwe blanja ajeg saben sasi , emsthi uripku sakulawarga bakal luwih bagya mulya. Batinku surak nanggepi nsaibku sakloron sing mujur awit saka keparenge Gusti. 

Nanging sing tinemu tangis kasedhihan nempuh awakku. Esuk-esuk dina Ahad, sire wong loro arep rekreasi nyang Candhi Prambanan, jebul aku ditimbali bapak maratuwa.

“Aku takkandha, rungokna Sardi,” ucape bapak maratuwa kanthi polatan sereng. 

“Wonten dhawuh menapa,Pak?” takonku kepingin ngerti. 

“Nek wong jejodhowan iku lumrahe wong lanang sing golek guna kaya, banjur menehi nafkah marang pawestri. Kuwi sakngertiku lho. Aku ki ngrumangsani wong bodho ora tau mangan sekolahan, ning sak ngertiku wong lanang iku wajib aweh nafkah marang wong wadon. Ya ngono ora?”

“Leres, Pak,” aturku kanthi rasa wiwit ora kepenak. 

“Lha gene ngerti. Njur awakmu iki kepiye? Kowe ki wong lanang malah dadi tanggungane wong wadon. Bojomu pegawe negri blanjane akeh, kowe mung kari mongan-mengen karo ngothang-ngathung nyadhong nafkah saka bojomu. 

Andekpuna malah kober arep seneng-seneng plesir  nyang Candhi Prambanan. Dhuwit sing kok nggo sangu plesir ngebis njajan seneng-seneng iku kayane sapa? Kabeh dicukupi bojomu. Kuwi jenenge kuwalik. Kudune kowe sing nyukupi kabeh kebutuhane uripmu sakulawarga, nanging kowe kuwi  malah mung ndhompleng bojomu nunut kamukten marang bojomu.”

“Inggih sampun, kula mboten estu dolan dhateng Candhi Prambanan,” saurku nyapih perkara.

“Ora mung kuwi perkarane,” sauté maratuwaku kanthi swara atos. “Iki perkara uripmu. Jejodhowanmu karo anakku ki tinemune kuwalik lan njomplang. Kudune kowe ki iisn ngepek bojo Sarni anakku, sabab ora bisa nglayani malah nja;luk dikayani.”

Nalika iku Sarni bojoku nyaket, omong marang bapake, “Pak, iki rak mung kahanan sauntara wae. Mengko setaun-rongtaun maneh rak Mas Sardi uga bakal diangkat dadi pegawe negri.”

“Barang durung kelakon ki aja dipesthekake,” sauté pak maratuwa. “Apa kowe wani mesthekake nek setaun meneh kowe isih urip? Sapa sing bisa mesthekake lelakon mbesuk? Sing genah saiki, kowe blanjamu akeh, bojomu mung kari enak kepenak ngrasakake. Kemenangen bojomu, kekalahen kowe.  Aku ki wis rekasa nyekolahake kowe dakrewangi numbuk bentuk kringet dietus-etus, supaya uripmu bagya mulya, ee … bareng ana asile, jebul dudu kowe sing ngrasakake ning malah wong liya. Mangka kudune ki dheweke sing wajib mbagyakake uripmu. Pokoke aku ora rila!”

Krungu ucape bapak maratuwa mangkono, aku takon,” Kersanipun Bapak kadospundi?”
“Anakku kudu kok pegat!”

Bahasa Jawa Cerkak : Ahad Esuk ing Jabalkat



Sakala Sarni jerit, terus nangis kelara-lara. Aku dhewe wis ora kuwat ngempet rasa wirang. Ajining dhiriku muncul, nukulake wangsulan,”Inngih, Pak. Kula ngrumaosi boten saged nyembadani estri, mila Sarni badhe kula pegat.”

Aku numpak sepedha onthel, bablas nemoni pejabat Kantor Urusan Agama lapur pegatan. Let rong minggu wis kelakon aku lan Sarni pegatan. Wiwit iku ora ana sing dakpikir kajaba budidaya murih aku enggal bisa diangkat dadi pegawe negri.

Nanging dumadakan ana welingan saka Sarni, ngajak ketemu ing pereng Jabalkat, ing ngisor wit trembalo. Ing kono mbiyen aku lan dheweke padha ketemu ngiket janji bakal urip bebarengan. Batinku tambuh-tambuh, ana apa maneh si Sarni iki. Rak wis dudu bojo maneh?
Nalika wis padha ketemu, kanthi magep-magep dheweke kandha, “Mas, apuranen bapakku sing wis gawe serike atimu.”

“Aja ngrembug bapak,” saurku teges. “Kandhakna apa prelune kowe ngajak ketemu, tur kudu ana kene?”

“Ngertenana, Mas, aku wis ping pindho ora wulanan. Tegese rahimku iki wis isi anakmu. Mula nadyan aku wis dudu bojomu, wis ora bakal amor turu, nanging yen mbesuk aku nglairake jabang bayi, dakjaluk sliramu aja selak, iku anakmu. Iki bukti katrangan saka dhokter sing mriksa aku dhek wingi.”

Dheweke ngulungake surat katrangan dhokter. Ing kono dakwaca cetha, Sarni wis mbobot umur pitung minggu. Sakala lambeku bungkem ora bisa kumecap. Batinku sambat-sambat: lelakon kok kaya ngene. Kudune sedhela maneh aku lan Sarni ngrasa bagya mulya mapag laire anak kapisan, nanging tinemune jebul kosok balen: kasedhihan lan panandhang kang dakrasakake.

Maneh-maneh aku ngrasa : iki akibat tangkepe bapak maratuwa sing kurang pandhi-pandhikan, kurang pengalaman nanging rumangsa pinter, setemah cupet penemune.

Nganti sauntara. Nganti atiku rada sareh. Terus sarni dakrangkul, dakbisiki kupinge “Dhik. Aku titip anakku, openana sing ngati-ati lan gumati. Muga kanthi lantyaran anakku iki, mbesuk aku lank owe bisa kumpul meneh.”

Dheweke ura bisa kemucap apa-apa, mung nangis mingseg-mingseg karo ngerangkul aku kenceng banget. Nganti sauntara. Nganti akhire dheweke bisa sareh. Nguwali rangkulan karo kandha, “Mas, ngudiya amrih sliramu enggal diangkat pegawe negri, mengko awake dhewe njur balen.”

“Aku pancen arep mbudidaya sabisa-bisaku supaya diangkat. Nanging aku tetep ngugemi tekad: metu dalan kang lurus, supaya uripku berkah. Saiki awake dhewe kepeksa kudu pisah, sanadyan abot rasane. Iki lelakon,  Dhik, adile mung kudu dilakoni kantri rila”

Banjur wong loro padha pepisahan, kanthi ati keranta-ranta lan kebes dening eluh kesedihan. Keprungu ucape magep-magep, “Sugeng pepisahan, nganti ketemu maneh mbesuk, Mas…”

Bubar iku aku mbudidaya tenanan. Aku sowan marang kepala bidhang sekolah dhasar ing propinsi, nyuwun pirsa apa isih ana kalodhangan aku bisa diangkat.

Bapak pejabat iku dhawuh, “Mas, isih ana enggon loro, nanging kudu gelem ditugaske ing Karimunjawa. Lan ora keno njaluk pindhah nyang dharatan Jawa yen durung tugas ing kono apese limalas taun. Saguh ora?

Tanpa mikir akeh-akeh langsung wae aku matur, “Kula sagah, Pak, lan badhe kula estoaken.”
“Bagus. Ora nganti sesasi, surat pengangkatan pegawe negeri bakal dikirim menyang alamatmu. Yen wis kok tampa, enggal ngadhepa Kepala Dinas Pendidikan Kabupaten Jepara, nyuwun nota tugas. “

“Ngestoaken dhawuh, Pak, lan matur nuwun sanget,” aturku nuli nyuwun pamit.

Iku lelakonku dhek semana. Nembelas taun wis daklakoni tugas ing Karimunjawa, lan wiwit nem sasi kepungkur aku bali ing tanah kelairanku, tugas ing salah sijining sekolah dhasar. Nanging uripku malah dadi sepi lan nglangur, saben dina mung kutut katiyup ing angen-angen supama.. saupama … tanpa ana wujude. 

Arep nglacak kahanane Sarni wektu iki, atiku mamang, malh ana rasa kuwatir, mengko yen Sarni tetela wis diwengku wong liya, saiba lara lan perihe atiku. Nanging arep nglalekake ya ora bisa, malah saya suwe katon-katonen citrane.

Wekasan thukul gagasanku, kepengin napak tilsa lelakonku karo dheweke biyen. Aku eling, biyen padha ngiket janji ing ngisor wit trembolo pereng Jabalkat. Banur sadurunge lunga biyen, ketemu maneh ing kono, dheweke kandha yen wis ngandhut anakku. Banjur padha ngucap sugeng pepisahan ing kono. 
Karana gagasan iku, dina Ahad esuk akugliyak-gliyak numpak sepedha motor menyang Bayat, nitipke sepedha terus munggah menyang pereng Jabalkat, thenguk-thenguk ngalamun ing ngisor wittrembolo sing saiki wis dadi wit gedhe ngrembuyung.

Ngadhepake dhuhur aku lagi inggal papan kono. Banjur kaya dadi pakulinan, saben Ahad esuk aku mrono, ngalamun, ngangen-angen endahing lelakon lan ngenesing lelakon dhek semana. Endah nalika aku ngiket janji, ngenes nalika aku pepisahan.

Dak etung-etung wis kaping enem aku dolan mrono Ahad esuk. Lan esuk iki dina Ahad sing kaping pitu, aku mangkat numpak sepedha motor kaya adate. Uga kaya adate njujug ngisor wit trembalo, ngalamun.

Sauntara aku thenguk-thenguk ing kono dumadakan ana bocah wado remaja teka. Aku rada kaget. Bocah iku nganggo klambi, clana daw lan kudhung sing warna lan motife persis kaya sing kulina dienggo Sarni biyen nailka lagi pacaran karo aku.

Ora sranta bocah iku dak takoni, “kowe apa mung dolan dhewe, Ndhuk?”
“Mboten, Pak, kula kalihan ibu kok,”

“oh, yaw is. Jenengmu sapa cah ayu?”

“kula Siwi, Pak.”

“omahmu?”

“Cawas.”

Aku rada geter. Cawas? Aja-aja iki anake Sarni. Anakku?

“Ibumu kok ora bareng kowe. Lha ibumu ana ngendi?”

“Nembe tumbas jajanan, Pak, mangke nggih badhe mriki. Kula kalihan ibu asring lungguhan wonten ngriki kok. Bapak kok inggih remen lenggah ngriki?”

“Edhum, Ndhuk,” saurku cekak. Nanging batinku ngudarasa : Aja-aja iki anake Sarni tenan, sok dijak mrene merga ngeling-eling lalakon kepungkur.

Lagi wae aku nggagas ngono lan arep takon jenenge ibune sapa, jebul kupingku krko swara alok, “Siwi, kui bapakmu sing dakcritakake wingi, Ndhuk! Kuwi bapakmu, Ndhuk.”

Durung nganti aku sadhar, ana wanita nyaket, terus nrangkul aku lan nggeret bocah iku diajak rangkulan pisan.

“Owalah Mas Sardi, akhire ketemu maneh ana kene.”

Aku lagi sadhar. Iku Sarni. Tegese bocah wadon iku anakku. Dakambungi pipine sengak-sengok.
“Anakku ngger. Kowe wis prawan, ayuu kaya ibumu.”

Wong telu padha tangisan. Tangis kebungahan. Nganti sauntara. Sawise sareh, aku takon, “Piye kabare bapak ibu, Dhik?”

“Ibu isih sehat , Mas, nanging bapak wis seda limang taun kepungkur.”
“Dhik Sarni, selak ora sranta, ayo saiki nyang Cawas. Aku arep matur ibu awake dhewe bali urip kumpul maneh.”

“Kuwi sing dakarep-arep, Mas,” saure Sarni.

Banjur bareng-bareng mudhun saka pereng Jabalkat. Batinku ngucap : Gusti, Alhamdulillah, Paduka sampun mbikak korining kabagyan kangge kula sakulawarga.



Sumber Referensi: Majalah Panjebar Semangat edisi 32 ( 10 Agustus 2019 ) Halaman 23.