Bahasa Jawa Cerkak : Benthak Sirah

Bahasa Jawa Cerkak : Benthak Sirah


Benthak Sirah 

Dening: Sumono Sandy Asmoro

Sudarso ambegan lega, sawijing pakaryane wis rampung. Tangane sing dawa wis disimpen maneh ana papan sakawit. Saiki genti nganggo tangane sing ukurane luwih cendhak. Jroning bating dheweke nggagas, satemene luwih praktis nganggo tangan sing ukurane normal ngono kuwi. Ora katon nglawer kaya wayang kulit.  

Nanging luwih untung yen nganggo tangan dawa. Bisa njupuk barang senajan papane adoh. Kanthi tangan dawa Sudarso bisa njupuk barang sing adohe puluhan kilo. 

“Dengaren kok nganggo aku, biyasane  nganggo tangan dawa,” tangan cendhak kuwi grenengan. 

“Ya, dina iki aku genti nganggo kowe, awit kepengin tampil beda karo padatan,”sambunge Sudarso entheng. Kejaba tangan, dina iki Sudarso nganggo sirah sing beda karo padatan. 

Sing dianggo saiki kuwi sirah sing apik, tegese praupane luwih katon resik. Kanthi mangkono katon luwih enom. Nanging nganggo sirah sing apik ngono kuwi jarene Sudarso abot. Rasane sarwa ora kepenak. Gulu krasa cengeng kaya wong tengeng. Ora bisa noleh ngiwa nengen, weruhe mung ngarep lurus srapat dalan.

Senajan katon bregas lan luwih enom nanging Sudarso ora seneng nganggo sirah apik, dheweke luwih seneng nganggo sirahe sing ala. Kejaba entheng, uga gampang diobahke. Dadi arep tumindak apa bae sarwa luwes.

“Sirah ala apa wis rusak aku kok sampeyan enggo saiki?” pitakone sirah apik kuwi kanthi lugu.

“Ora, sirah ala ora rusak. Saiki dheweke dak simpen awit aku kepengin tampil sing beda karo padatan.” Sudarso menehi keterangan.

Sudarso wektu iku pancen ngeneh-anehi, anggone dandan digawe bedo karo padatan. Awit ing wektu iku dheweke arep nekani acara sing wigati banget tumrap uripe. Dheweke arep ketemu klawan Ranti, wanita sing digegadhang gelem dadi bojone sing angka loro. 

Senajan randha nanging Ranti kuwi pengusaha sukses. Yen dheweke bisa ngrebut Ranti mesthi uga bakal bisa ngrebut kabeh usahane. Mula anggone dandan digawe ora kaya padatan, [erlune supaya ora ngetarani yen dheweke duwe pamrih liya.

Kejaba tangan lan sirah, weteng sing dianggo uga beda. Wektu iku Sudarso nganggo weteng sing ukurane luwih cilik. Jroning batin Sudarso rumangsa luwih seneng nganggo weteng kanthi ukuran gedhe. 

Yen nganggo weteng ukuran cilik ngono kuwi paling mung kena kanggo madhahi soto, rawon, gule, lodheh, pecel, bakso, lan sapiturute. Nanging yen nagnggo weteng gedhe bisa kanggo madhahikertas, mangsi, semen, koral, aspal, kayu, pokoke kabeh mlebu. Nanging sarehne ana kepentingan seje, mula seneng ora seneng kepeksa nganggo weteng sing ukurane luwih cilik.


“Geneya kok nganggo aku barang?” kandhane weteng cilik sajak mangkel, awit suwe ora nate dianggo dening Sudarso. “Ora perlu kakehen takon, kabeh sing dadi darbeku sawayah-wayah kudu gelem
dakajak dandang gawe. Kosok baline sing daksimpen ana papane uga ora kena ngresula.”

Sawise rampung dandan Sudarso ngilo ana ngarep kaca. Ing batin semu ora percaya yen sing ana njero kaca kuwi gambare dhewe. Satemene penampilane luwih apik tinimbang biyasane. Tangane ora kedawan, sirahe ora katon ala lan wetenge ora kegedhen. Nanging jroning kahanan sing ngono kuwi arahe Sudarso rumangsa kaya kesiksa. Yen ora kepeksa ngono wegah nglakoni.


Sarehne wes rada awan dheweke terus budhal nemoni Ranti. Tekan papan sing dituju Ranti wis suwe anggone ngenteni. Dheweke rumangsa bungah banget ketemu wong siji kuwi. Kabeh mau awit saka budi kabecikane Mbak Sari, mitra bisnis sing kebeneran isih sedulure Sudarso. 

Wis suwe Ranti kepengen golek kanca urip sing bisa ngayomi dheweke, sukur bage bisa menehi keturunan. Yen perkara mangan saka usahane dhewe bae wis turah-turah.

Sakawit jroning ati Ranti isih rumangsa mandheg mangu, sebab karepe golek sing isih legan. Ora sing wis kulawarga ngono kuwi. Nanging saiki dheweke rumangsa kepranan, wait pranyata wing siji kuwi bisa narik kawigatene. Lambene Ranti mesem tipis nalika Sudarso ngulungake tangan ngajak salaman.

“Sampun dangu ngrantos kula?” Sudarso mbukani rembug.

“Sampun sewatis”  jawabe Ranti sinambi nyawang kebak teges.

“Sampun ngertos ta wigatosipun kula lan njenengan pepanggilan wonten mriki menika?”

“Sampun, Mbak Sari sampun sanjang kathah dhumateng kulak kok.”

“sukur menawi mekaten. Supados enggal rumaket kados pundi yen anggone ngobrol migunakake basa ngono bae?”

“Ya gak apa-apa yen kersane njenengan ngono.”






Wong loro banjur crita ngalor ngidul, wiwit saka pengalaman pribadi nganti tekan maneka warna perkara sing magepokan karo gegayuhane. Uga ngrembug perkara umum kang lagi anget sasuwene iki.

“Jarene jenengan nate maju dadi anggota DPR?”

“Iya nanging ora dadi, mung oleh swara shithik.”

“Kok bisa ngono?”

“Golek suwara saiki angel. Sebab kabeh wong wisp inter, ora gelem milih yen ora diwenehi dhuwit. Nanging pilihan sing arep teka iki aku arep majuu maneh.”

“Yakin bisa dadi?”

“Yakin, sebab wiwit saiki aku wis geriliya golek suwara. Njenengan dhewe pie usahane?”

“Alhamdulillah lancer, kena kanggo nyukupi kebutuhan saben dinane.”

Saya suwe anggone padha ngobrol saya gayeng. Kala-kala Ranti gemuyu weruh tingkahe Sudarso sing dianggep aneh. Wong siji kuwi pranyata gulune tengeng, ora kena kanggo noleh. Dadi yen arep nyawang memburi kudu mbalik sak awake. 

Tangane uga katon yen ora nate kambon gaweyan kasar, dianggo ngangkat gelas bae katonkikuk. Semono uga wetenge katon yen cilik banget, saking cilice nganti sabuk clanane bae kerep mlorot yen dianggo ngadeg.

“Ana apa ta Bu kok gemuyu?” pitakone Sudarso sajak orangerti tenan.

“Ora ana apa-apa kok, mung bae ya pancen kepengin ngguyu,” Ranti ora wani blaka.
“Ah, tenane, aja ngapusi.”

“Tenan  kok, mosok njenengan ora percaya menyang aku.”

Atine Sudarso bali lerem, anggone ngobrol terus dibacutake. Saiki Ranti sing genti akeh omonge. Dheweke mbrondong wong sing ana ngarepe kuwi kanthi maneka warna pitakonan. Sudarso nganti gobyos anggone aweh wangsulan.

Kanggo ngilangi rasa pangrasa sing kurang prayoga dheweke ndudut rokok sealer saka bungkuse. Ranti uga gemuyu weruh carane wong siji kuwi ndudut rokok. Tangane katon kidhung banget. Rampung nyumed rokok banjur tolah-toleh golek asbak. Anggone noleh ora mung gulu, nanging katut sak awake. Ranti saya ora kuwat ngampet guyune, apameneh nalika Sudarso jumangkah njupuk asbak. 

Amarga wetenge mung cilik lan clanane gedhe, nalika wiwit jumangkah clanane mlorot. Sanalika guyune Ranti pecah, Sudarso dadi pucet rumangsa kewirangan gedhen.

Mula dheweke banjur ngajak mungkasi sapatemon iku, sawetara dina maneh Ranti bakal diajak sapatemon ing papan seje. Warandha kang isih katon ayu iku sarujuk. Kekarone salaman terus jumujug menyang kendharaane dhewe-dhewe. Mobil loro banjur tleser-tleser budhal kanthi tujuwan kang beda. Dhadhah-dhadhah tandha pepisahan sawetara.

Tekan omah Sudarso langusng ambruk ing peturon, rasa wirange urung ilang saben kelingan clanane mlorot ana ngarepe Ranti. 

Kabeh mau ora ana liya kang dadi jalarane kejaba weteng cilik. Yen dheweke mau ora nganggo weteng cilik, ora bakal kaya ngono kuwi kedadeyane. Semono uga sirah apik, njalari dheweke ora bisa noleh anane mung kudu lurus menyang ngarep. Nganti dheweke katon lucu. 

Tangan cendhak uga njalari dheweke keweirangan amarga yen dianggo obah katon wagu.
Sudarso terus mbuwang tetelune kanthi kasar. Mesthi bae weteng cilik, tangan cendhak lan sirah apik ora trima digawe sawiyah-wiyah ngono kuwi. Njalari benthak sirah rame antarane Sudarsono kelawan perangan awake.

“Anane sampeyan kewirangan kuwi dudu salahku, nanging salahe sampeyan dhewe. Kena apa sasuwene iki kok tansah mung migunaake sirah ala, tangan dawa, lan weteng gedhe bae. Dadi katon ora wangun nalika nganggo liyane,” sirah apik makili perangan awak liyane.

“Aja kakehen wuwus, pokoke anane aku nganti kewirangan mung kowe-kowe kuwi kang dadi jalarane. Mula ora bakal dakanggo maneh, wiwit saiki bakal daksimpen ana papanmu lan ora bakal dak jupuk maneh.”

“Kuwi urusanmu, dudu urusanku. Nanging yen kabeh mau kok tindakake sing rugi kowe dhewe. Ateges bakal saya adoh anggonmu nalisir saka anggerugering bebener.”

“Ah kowe ora perlu meden-medeni aku. Aja nyampuri perkaraku!”

“Iki uda perkaraku, awit aku uga perangane awakmu.”

Sudarso ora sranta, tangan cendhak, sirah apik lan weteng cilik langsung diuncalake menyang papane sakawit. Banur kaya padatan genti nganggo sirah elek, tangan dawa, lan weteng gedhe. Nanging sirah apik ora trima, dheweke terus nyedhak maneh arep manggon ing gulu. 

Mula banjur dadi bethak sirah rame antarane sirah elek lan sirah apik. Sudarso dadi biungung, sirah loro padha tukaran.

“Kowe ora perlu manggon ana gulu, kuwi panggonanku,” sirah ala kandha kathi sorea.

“Wiwit lair ceprot sing manggon ana gulu kuwi aku, ya kowe kuwi sing ngrebut panggonanku. Mulai saiki dakjaluk maneh,” sirah apik aweh wangsulan.

“Ora bisa, awit Sudarso luwih seneng nganggo aku.”

“Nanging yen terus nuruti kowe bakal saya cilaka uripe.”

Sudarso mumet ora karu-karuwan nalika sirahe padha tukaran rebut bener, utege kaya-kaya umob arep kutah. Dheweke ora kuwat ngampet awit kekarone ora ana sing gelem ngalah. Wekasane dheweke mutusake kaneh perangan awake sing ana serepe arep dianggo bebarengan. Perlune supaya ota bethak sirah ing antarane siji lan sijine.

Saiki Sudarso nganggo sirah loro, weteng loro, lan tangan papat. Kanthi kahanan kang kaya ngono kuwi dhweke rumangsa luwih nyaman, rumangsa luwih gagah prakosa ora ana wong liya sing madhani. Arep nindakake apa bae sarwa kepenak. Naning bareng wektune sapatemon maneh karo Ranti, warandha sing ayu kuwi langsung gidro-gidro keweden.

Weruh weteng gedhe njembluk ngono kuwi Ranti banjur kelingan dedongengane Dewatacengkar kang doyan mangan sapepadhane. Sembarang kalir bisa kolu dilebokake wetenge. Ora perduli barang atos utawa empuk pdha bae. Ora perduli darbeke liyan yen lena dipangan warasan.

Weruh sirah loro gela-gela gondhelan gulu siji Ranti jijik, kaya weruh Dasamuka sing nyolong Dewi Sinta. Sirah-sirah kuwi kaya-kaya arep nyokot dheweke, solahe nggegirisi banget. Ing antarane siji lan sijine kaya-kaya kepengin mbuktekake yen dheweke sing paling apik.

Apamaneh yen weruh tangan papat sraweyan sajak rebutan kepengin nyekel dheweke, Ranti kaya weruh Bathara Guru sing lagi nesu arep nglebur ngarcapada.

Tanpa mbuwang wektu Ranti mlayu menyang mobil, banjur dilakokake sabantere. Sudarso getun banget rumangsa ora bisa ngerah atine randha ayu iku. Kamangka gedhe pangarep-arepe ngrebut bandah donyane. Apamaneh panah asmara kadhung mancep ing atine.

Ora krasa luh tumetes. Iline luh saka mripat papat saya deres kaya udan ing mangsa rendheng. Ora wetara suwe iline luh kuwi wis dadi banjir sedhengkul jerone, sya suwe iline luh kuei saya banter lan saya gedhe. Nganti Sudarso klelep ing banyu luh kang mili saka mripate dhewe.


Sumber referensi :  Majalah Panjebar Semangat  edisi 36 (3 september 2016 ) Halaman 24