gCLxcKKAJmbACaihfr7QajzX6AsZRlzTBM0AxvT0

Bahasa Jawa Geguritan : Lamis

Post a Comment

Lamis

Karya Wulan Susanti

Aku wis ora percaya marang esemmu
Rakete pangrengkuhmu marang awakku
Esemmu manis nangis lamis
Gawe ati sangsaya miris kaya diiris-iris

Ora perlu pamer untu
Yen mung pengin ngguyu karo aku
Supaya katon kumraketmu, grapyakmu lan sumadulurmu

Wis kadhung!
Atiku wis kadhung pingget
Nganti kraket

Meseme, ngguyua, tumprapku wis ora bisa
Ngudhari pinggete atiku
Tumprapku samubarange wis kadhung lamis, lamis, lan lamis!



Sumber Referensi : Majalah Panjebar Semangat edisi 36 (3 September 2016) Halaman 40

Related Posts

Post a Comment