gCLxcKKAJmbACaihfr7QajzX6AsZRlzTBM0AxvT0

Bahasa Jawa Geguritan : Kelangan Plataran

Post a Comment
Bahasa Jawa Geguritan : Kelangan Plataran

Kelangan Plataran

Karya : Nini Klenyem


                    Jaman cilikanku biyen nalika padhang rembulan

                   Bocah cilik cilik padha dolanan neng plataran

                   Sing tuwa padah lungguhan omong-omongan

                   Nyawang sing padha gobag sodor, jlumprit lan jethungan

                  Atine kabeh bungah kaya tanpa duwe sanggan

                  Guyub rukun, gotong royong ora oncor-oncoran


Jaman saiki padhang mbulan apa petengan tanpa beda

Tuwa enom wiwit sore wis ngingglengi layar kaca

Malah akeh wae wong tuwa lan bocah suthik ngalah

Endi siaran sing disenengi remot tansah dicekeli

Sinanune bocah wong tuwa wis ora digubris yen ngandhani

Ya iki sing diarani ilange bugi pekerti


                  Plataran wis diborong para pangembang dadi loji

                 Dene sawahe wis didol merga anak njaluk motor lan HP

                 Wong tuwa wis ora wani nggondheli lan ngelikake

                 Mangka nyatane rampung sekolah ya ora payu mergawe

                 Njur apa pengarep-arepe wong tuwa marang anak-anake

                 Oh… jamane pancen wis saya bubrah… embuh mengkone



Sumber Referensi: Majalah Panjebar Semangat edisi 32 ( 10 Agustus 2019 ) Halaman 40.

Related Posts

Post a Comment