Cerkak : Kencrung Saka Bapak

Cerkak : Kencrung Saka Bapak

cerkak : kencrung saka bapak




Oleh : Uri Pradanasari



“Kencrung iki saka Bapak, daktampa pitung taun kepungkur, nalika aku durung bisa apa-apa.” guneme Tama nalika tenguk-tenguk ing watu gedhe ngenteni tekane eseme srengenge. Adheme hawa gunung Merapi kala kuwi gawe pangangenku mlayu kelingan Bapak.

“Gah Le! Nek caramu nembang isih ngono kuwi! Nek ijek ngono minggu ngarep kowe ora oleh melu lomba makili kecamatan, ngisin-ngisini Bapak lan kecamatanmu.” 

Wejangan saka Bapak nalika menggak aku mangkat ing kompetisi kuwi nalika aku kelas 5 SD. Lara rasane, nanging malah dadi pangeling tekan seprene. Wiwit saka dina kuwi aku terus sinau karo bapak kepiye carane nembang sing apik, nadyan ning ati aku rada gela marang Bapak. 

Bagaskara mesem gumuyu, dienteni mega kang ngajak mbedhaya, ora krasa dina iki kompetisi nembang tingkat kabupaten wis ning ngarep mata. Atiku rumangsa bungah banget, ngajab bisa melu lomba kuwi mau, merga wis sinau terus karo bapak. 

“Dengaren mangkat esuk men Le, arep ning ngendi?” pitakone Bapak ora mandeng aku.
“Dinten niki wonten lomba nembang ten pendhapa kabupaten Bapak, pangestunipun nggih, Pak.” Wangsulanku karo ngguya-ngguyu. 

“Apa Le? Lomba ning pendhapa? Ora! Kowe ora oleh mangkat, suaramu isih ning irung. Bapak ora ngijini awakmu melu lomba kuwi!” ngendikane Bapak rada duka, langsung mandeng aku.
“Na... Nangi.. Nanging, Pak.” Wangsulanku rada lirih, tangan lan sikilku ndhredreg.
“Ora ya ora!” ngendikane Bapak samsaya duka.

Aku mung anteng meneng, tanganku dadi keder. Ora mikir suwe banjur aku mlayu, menek wit pelem ing mburi omah karo nangis. Pantang kanggo aku yen nangis ning ngarepe Bapak. Aku isih tetep nangis ning ndhuwur wit pelem, nadyan sedhela maneh arep udan. 

Wiwit dina kuwi seminggu aku ora aruh-aruh karo Bapak, lan ora wani madeng  pasuryane Bapak. Dina-dinaku tak lakoni lungguh anteng meneng ing ngisor wit pelem, isih seseg dhadhaku amarga wewayanganku dipenggak Bapak. Wiwit dina kuwi uga, aku wegah sinau nembang maneh. 

Ora ngira, ana tangan kang ngrangkul pundhakku saka mburi, ya ora kleru maneh, iki astane Bapak. Atiku dag dig dug der rasane. Bapak banjur muter awakku. Wedi banget lan campur jengkel rasane atiku. Ing pundhake Bapak kagendhong gitar lan kencrung. bapak banjur lungguh ing jejerku.

“Le, isih nesu ya karo Bapak?” ngendikane Bapak sareh.
Aku amung mesem tipis karo Bapak, ngampet mangkel lan gelaku amarga Bapak.
“Iki Le, kanggo awakmu, sinau bareng karo Bapak ya. Luwih becik sinau nggitar dhisik ya Le, banjur ngko sinau kencrung.” ngendikane Bapak sareh, sajak wis ora duka maneh.
“Inggih Pak.” Wangsulanku lirih, jroning batin seneng banget atiku, amarga wis suwe aku pengin nduwe gitar lan kencrung kuwi. 

Wiwit dina kuwi, rasa kuciwaku karo Bapak rada oleh tambane. Saben dina Bapak tlaten lan sabar ngajari aku dolanan gitar, wiwit kelas enem SD. Rasa laraku rada ilang marang Bapak, nanging kelingan larane nalika ana wong kang nembang.

Ora krasa saiki wis dadi bocah SMK. Kaya biasane dina-dinaku dikancani karo gitar lan kencrung saka Bapak. Nanging bedane saiki, aku adoh saka Bapak. Sela-sela wektu longgar takgunakake nggo sinau gitar, amung siji pangajabku, bisa mbuktekake karo Bapak menawa aku bisa. 

Gegodhongan ucul saka pang-pange, angin awan sumilir banget rasane. Jroning papan kekudhung damen, kaya biasane aku isih anteng dikancani kencrung saka Bapak lan rekaman suarane Bapak kang pendhak dina dadi guruku. 

“Woy! Ma! Ayo melu oprec pecinta alam. Gayeng lho!” kandhane Adhi, bocah kutha kang senengane munggah gunung kuwi.

“Males Dhi, kanggo apa?” wangsulanku lempeng.
“Ayolah melu wae, tak jamin mesti bakal seneng awakmu, bisa sinau akeh ngko.” Wangsulane Adhi langsung nggeret tanganku kanggo nulis formulir pendaftaran. 

Ora let suwe banjur aku nuruti apa kandhane Adhi. Saka kene aku oleh pelajaran babagan urip, aku lagi sadar upama gemblengane Bapak nalika ing ngomah durung ana apa-apane tinimbang gemblengan ana ing kene. Fisik, batin, lan pikiranku kesiksa awale ana kene, suwe-suwe aku bisa nemokake apa sejatine urip kuwi.

Wengi kuwi malem minggu, kaya biasane aku karo Sunu mlaku-mlaku menyang pasar Tri Windu. Suwe-suwene mlaku, aku dadi penasaran karo komunitas kroncong kang dikolaborasikake karo gamelan. Rasa gumun lan seneng, nggawe aku ora kedhep-kedhep nyawang personil kang dolanan kencrung.
“Ma, kowe ngapa?” pitakone Adhi rada nggumun.


“Oh, hah? Hahaha, aku ra papa, Sa. Kelingan Bapak wae Sa nalika nyawang mase sing dolanan kencrung lan nembang, apik banget Dhi. Pitung taun kepungkur Bapak menehi aku kencrung Dhi, lan aku nguwasani tenanan Dhi.” Wangsulanku lempeng, tetep nyawang kang dolanan kencrung mau.

“Tama, Tama, kuwi kancaku. Joni jenenge. Ayo rana wae.” Kandhane Adhi karo ngguya ngguyu.
Adhi ngenalake aku karo Joni. Wiwit dina kuwi aku sinau kencrung karo Joni, nora krasa wis telung taun tak lakoni sinau kencrung bareng karo Joni. Dina-dinaku samsaya manteb, aku ndhuwe gegebengan menawa kencrung saka bapak bisa ndadekake aku wong mbesuke. Nora jeleh lehku latiyan, nadyan adoh saka Bapak. 

“Kencrungan terus. Sesuk muncak Merapi Ma.” Kandhane Adhi.
“Siap Dhi.” Wangsulanku mantep.
“Pokoke tak enteni aksimu ning pensi.” Kandhane Adhi karo cengengesan.

Bagaskara ngampiri gunung ngajak ndhelik saka bawana, saya suwe gawe ima saya semu abang, pratandha langit bengi wis meh teka. Tutuking laku agawe rasa nora gigu, jebul bengi wis ngancani, alon-alon nanging kelakon tekan pucuk Merapi. Wiwit pendhakian kuwi aku ngrasa ana sing beda, aku ngrasa luwih bisa cedhak karo donya lan akeh kanca. 

Esuke tanpa dinuga, nalika ing ngarep tenda, sawise upacara tekan pucuk Merapi, Pak Gun ndhawuhi aku maju nembang. Kaget lan dag dig dug rasane atiku, kelingan Bapak.
“Maju Ma, maju.” Kandhane Adhi.

Alon nanging mesthi, alon-alon tak coba njaluk bantuan saka sumiliring hawa esuk. Lagune Bapak, Didi Kempot, tak nyanyikake kanthi tenanan dikancani kencrung saka Bapak. Ora dinuga, kabeh kang ana ing kono padha tepuk tangan. Mrindhing rasane.

“Ma, apik tenan, sesuk melu lomba nembang ya, tak rekomendasikake saka Bapak, makili sekolahmu.” Celathune Pak Gun karo nggablog pundhakku alon. 

Telung dina bubar kuwi, aku melu kompetisi, nanging aku ora wani ijin karo Bapak, kesempatan iki dakgunakake, aku pengin mbuktekake karo Bapak menawa aku bisa. Kompetisi mlaku, nora dinuga aku bisa oleh juara loro se-ekskarisidenan. 

Wiwit dina kuwi, uripku dadi malih, saben malem Minggu aku main kroncong ing Ngarsapura karo kanca-kancaku, ya Joni, kang ngajak aku dadi sagrup kroncong. Kaya biasane nyekel kencrung. Saya suwe saya akeh kang seneng marang grup kroncongku. Nora dinuga aransemen-ne disenengi karo produser lan ditawari rekaman. Gegayuhan karo kanca-kanca kroncong akhire bisa kasembadan. 

Ora mikir suwe, bubar manggung, langsung bali menyang omah, nadyan wis jam 2 esuk. Bapak durung sare, isih tenguk-tenguk ning teras. 

“Lho, kowe balik ta, Le?” ngendikane Bapak kaget.
“Hehe, inggih Pak.” Wangsulanku lempeng. 

Aku langsung lungguh ing jejere Bapak, tak delehake hp ku ing meja banjur tak puterake olehku nembang ing Merapi wingi lan piala kompetisi wingi. Bapak ora ngendika apa-apa, amung meneng. Ora let suwe bapak ngadheg, banjur ngekep awakku karo mrebes mili. 

“Matur nuwun ya, Le. Bapak njaluk ngapura Le, mbiyen Bapak tau nggawe gela awakmu, amarga Bapak kepengin kowe bisa tenanan. Awakmu hebat Le. Bapak bangga.” Ngendhikane Bapak isih ngelus-elus rambutku. 

“Matur nuwun Pak, Bapak sampun ngajari kula kathah, matur nuwun Pak sampun diparingi kencrung niki.” Wangsulanku karo mrebes mili. 

“Tetep dadi pribadhi sing kuwat ya Le, aja gampang nyerah marang kahanan, tetep sinau terus.” Pituture Bapak. 

Wiwit saka dina kuwi Bapak dadi beda karo aku, seneng banget rasane bisa mbuktekake karo Bapak yen aku bisa nembang lan bisa dolanan kencrung.

“Woy! Ma! Malah ngalamun. Ayo tata-tata ndang mudhun.” Kandhane Adhi nggetak saka mburi.
Wangsulanku amung cengingisan, banjur lagi eling yen mau aku ngalamun. Matur nuwun Bapak, matur nuwun kencrung, matur nuwun kanca, matur nuwun alam kang ngajari aku maneka warna babagan urip. Saka kene aku bisa urip. 


Kapacak ing Kalawarti Jaya Baya Edisi 39 Minggu V Mei 2015